6 Contoh Pidato Singkat Bahasa Inggris, Jawa, dan Arab Beserta Artinya

6 Contoh Pidato Singkat Bahasa Inggris, Jawa, dan Arab Beserta Artinya

sto2025/02/05 12:57:56 WIB
Ilustrasi pidato. (Foto: pch.vector/Freepik)

Pidato adalah wacana yang disiapkan untuk diucapkan di depan khalayak. Teks pidato tidak hanya berbahasa Indonesia saja, melainkan juga berbagai bahasa lainnya, seperti Inggris, Jawa, dan Arab. Yuk, simak enam contoh pidato singkat di bawah ini!Dirujuk dari modul Pidato karya Tine A Wulandari, ada enam jenis pidato yang perlu diperhatikan. Sebab, tujuan masing-masingnya berbeda satu dengan yang lainnya. Keenamnya adalah informatif, persuasif, argumentatif, deskriptif, rekreatif, dan edukatif.Isi pidato juga sangat bervariasi. Tema-tema yang umum diangkat dalam pidato adalah lingkungan hidup, narkoba, pendidikan, hingga ilmu pengetahuan. Bagi detikers yang membutuhkan, di bawah ini detikJateng siapkan enam contoh pidato singkat bahasa Inggris, Jawa, dan Arab beserta artinya.Baca juga: 17+ Contoh Ucapan Syukur dalam Pidato yang Singkat, Jelas dan BermaknaPidato Singkat Bahasa Jawa: Nebihi Narkoba(sumber: RPP Bahasa Jawa oleh Titik Rahayu, SPd)Assalamualaikum, Wr. Wb.

Nuwun.Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. Ingkang winantu ing pakurmatan bapak ibu staf karyawan karyawati, dalasan kanca-kanca siswa siswi ingkang winantu ing kabagyan.Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rohmad dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pinanggih ing papan mriki kanthi wilujeng. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kabahagyan katumrapan dhumateng panjenengan dalasan kula.Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca siswa siswi, mangga sesarengan sami nyuksesaken program pamarentah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2013.Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, sampun makaping-kaping korban-korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak. Langkung-langkung saking gunggung jiwa ingkang sampun kacathet, 80 % korban punika saking para mudha. Pramila wonten andharan punika, sekedhik badhe kula aturaken sesambetan kaliyan pirembagan ing ngajeng.Menawi dipungatosaken saking kedadosan ingkang sampun kelampahan, miturut saking kasunyatan ingkang cetha, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika wiwitanipun namung nyobi-nyobi.Mirsani kanca ingkang ngginakaken punika sajak remen kawontenanipun. Kabithung saking kawontenan kanca ingkang makaten, lajeng boten kiyat imanipun, mlajengipun ketut tumindak kados ngaten.Kajawi saking punika, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika kajawi kaglithuk dening lingkungan, wingkingipun ugi kathah ingkang saking kluwarga ingkang risak.Awit salebetipun kluwarga boten wonten raos njagi setunggal tumrap setunggalipun. Sedaya anggota kluwarga namung nuruti hardaning kanepson, namung menggalihaken karemenanipun kiyambak. Antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra boten wonten raos tresna lan asihipun.Bapak ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing kabahagyan. Kajawi saking kados perangan ing nginggil. Lare ingkang kados mekaten punika wingkingipun ugi kathah ingkang saking kluwarga ingkang cekap, langkung langkung saking kluwarga ingkang tirah.Tiyang punika menawi gadhah arto tirah umumipun bingung anggenipun ngecakaken. Pramila lajeng mlajar dhateng tumindak ingkang boten sae. Pramila saking punika panjenengan lan kula kedah saged nebihi tumindak awon ingkang kados mekaten. Mliginipun tumrap kanca-kanca siswa siswi sedayanipun, lare ingkang sampun kecanduan narkoba punika mesthi risak nalaripun.Titikanipun sedaya ingkang dipuntindakaken tansah sulaya. Gampil kesenggol raosipun, nganggep tiyangsanes punika mengsahipun. Boten purun manunggal kaliyan kanca sanesipun. Sampun ketingal nglokro, gampil kesel, gampil sakit, tansah uring-uringan, lan sapanunggalanipun. Malah ingkang sampun mlebet tataran kecanduan, rumaos remen menawi saged milara dhateng dhiri pribadinipun piyambak.Ngengeti kawontenan ingkang kados mekaten, menapa boten miris menawi dipunraosaken. Ningali kemawon sajak boten mentala. Pramila mangga nebihi tumindak ingkang ngginakaken narkoba jinis punapa kemawon.Awit menapa kemawon wujudipun narkoba punika boten prayogi tumrap dhiri pribadi. Ingkang saged ngendhaleni sedayanipun punika kawiwitan dhiri pribadinipun kiyambak. Langkung prayogi ingkang dereng kenging narkoba, ampun ngantos nyobi-nyobi ngangge. Ingkang sampun kelajeng, saged nebihi kanthi ngginakaken cara:

1) Tansah eling dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.

Klik untuk melihat komentar
Lihat komentar
Artikel Lainnya